Posting saat ini

Posted by : Unknown Selasa, 27 Januari 2015



                                          KUMPULAN CERITA JAWI NGEH.....



inu (anak kota yang belum tau bahasa jawa halus secara benar)
suatu hari inu melancong ke kota kecil di jawa tengah, siang yang panas inu mencoba beli es cendol ke pedagang dipinggiran jalan
inu : bang es cendolnya satu dong,
tukang cendol : mpun telas den (sudah habis mas)
inu : yaeyalah pakai gelas dong bang, satu ya…
tukang cendol : mpun mboten enten den (sudah tidak ada mas *es cendolnya)
inu : yah pakai nanya segala, ya pakai santen lah bang,
tukang cendol : oh dasar wong gendeng! (oh dasar orang gila)
inu : wah bang gimana sih, masa mau pakai bandeng juga *bingung
tukang cendol : wong edan!
inu : yah, malah dikirain pesen degan!
(mas-mas samping inu lalu menjadi translator dadakan dan memberitahu inu apa arti perkataan tukang cendol tadi)


Sak suwene Mas Agung nduweni warung anyar, sakikine jarang dolan meneh ning warunge Gogon Joss.Mergo wis nduweni kesibukan pakaryan anyar.Nanging ewo semono, kadhang kolo Mas Agung yo isih kober nyempatke dolan ning warunge kancane siji iki, sak perlu ngraketake kekancan sing wis linaku mataun taun supoyo ora kepedhot talen.
Iku mau tujuan utomo, silaturahmi.Ananging sak benere Mas Agung kangen dolanan bethek – bethek’an meneh koyok mbiyen…
Mas Agung : Suwe aku ra ngambah jogan iki yo, Lek Gon?
Gogon Joss : Janur gunung, kadingaren dolan mrene…
Mas Agung : Ahh, mbok ojo ngono to, Lek Gon…awak’e dewe ki rak yo wis suwe kekancan to, mung mergo aku nduwe pakaryan anyar ae sing ndadekke jarang mrene, tapi sing penting awak’e dewe tetep isih kekancan, paseduluran,…
Gogon Joss : Iyo yo, ngono kok yo dilebokno ati to ndhe ndhe..
Mas Agung : Eh, Lek Gon…aku kangen bethek – bethek’an meneh yok…!!!
Gogon Joss : Wis tak betehek sak durunge
Mas Agung : hehe, Tau Aja Dikau…
Gogon Joss : Wis ndang langsung ae
Mas Agung : Okey, ning karo aku digawekke Es Teh to yow, tamu po ra?
Gogon Joss : Ee alah…yo wis kono, karo tak rungokke soko njero ki
Sinambi mlebu ngawekke es teh kanggo Mas Agung,
Mas Agung : Mlungker ijo, ndhase abang, mlakune mundur, ambune sengak – sengak wangi, opo hayo?
Gogon Joss : Wis jelas yen iku obat nyamuk…
Mas Agung : Wah kegampangen brarti, yo wis ganti iki ; lambe ketemu lambe, napas metu alon alon, mripate kiyer – kiyer, tangane grayah – grayah nggolek’i bolongan, kroso nikmat banget, kiro – kiro kuwi opo yo?
Gogon Joss : Angger Cah Nom ra kono ra kene, podho ae senengene saru -sarunan…
Mas Agung : Wah podho kancamu siji kae kowe ki kok, Lek Gon, Si Goro Goro, senengane buruk sangka
Gogon Joss : Lha nyatane, genah yo nyrempet nuk?
Mas Agung : Ora yo, ora saru iku…!!!
Gogon Joss : Lha opo wis njal?
Mas Agung : Mbok yo karo dipikir gene to, Lek ojo langsung patah semangat ngono.
Gogon Joss : Ah mboh,Gung…buntu pikirku
Mas Agung : Ra iso tenan ki, nyerah…?
Gogon Joss : Ra reti aku, mboh…opo jawabane sing bener?
Karo nyruput es teh Mas Agung mangsuli jawabane
Mas Agung : Wong lagi nyuling iku, Lek Gon..
Gogon Joss : ???!!!
Mas Agung : Halah ajek…mesthi senegane tandha tanya karo tandha penthung
– % –

Leave a Reply

Subscribe to Posts | Subscribe to Comments

- Copyright © Entertaiment Kocak - Date A Live - Powered by Blogger - Designed by Johanes Djogan -